Rabu, 18 September 2019

Cerkak Bahasa Jawa


Kanca Sak Lawase

Jenengku Lina, aku nduweni kanca sing jenenge Rara. Rara kuwi kancaku awet aku cilik, senengane mangan roti lan ngombe susu. Rara kuwi sabuk galeng amarga wong tuone nduweni usaha mebel, tapi masio ngunu Rara ora gedhe endase marang kancane lan yo setia kawan. Biasane Rara nyeluk aku tukang ngantukan, nanging aku yo ora tau risih nek diceluk ngono kuwi, mungkin yo wes biasa dadi yo ora tak gowo ati.

“Duwarrr...itik-itik!!”, suarane Rara ngageti aku. “Kowe kok jhan ngaget-ngageti aku wae, mengko nek aku jantungen piye?!. Gelem ora awakmu tanggung jawab?”, balesku marang Rara. “Sepurane toh Lin, kowe sih ngantukan wae. Iku loh wis bel masuk, selak diseneni mengko karo pak guru”, jawabe Rara marang aku. Sakwise iku aku lan Rara mlebu kelas bareng-bareng.

     Bel mulih sekolah uwes dimunikake. Koyo biasane aku lan Rara mulih bareng, nanging ing tengah-tengahe mlaku Rara ngomong “Lin, aku arep mampir neng tukang jahitan disek ya, arep njupuk klambine ibuku”, “Oh iyo Ra, sing ati-ati ya..” walesku marang Rara. Akhire aku mulih dewean, nanging ing tengah dalan “gedebuukk!!”, aku ditabrak bocah cilik nganti buku-buku sing tak gowo padha rutuh kabeh. “Ngapunten mbak, kula mboten sengojo...”, jare bocah cilik kuwi. “Iya rapopo dek, mung buku tok sing gigal. Mulane nek mlaku iku sing ati-ati ya dek?”, walesku marang bocah cilik kuwi. “Enggeh mbak..” jare bocah cilik kuwi.

     Menene, koyo biasane aku budhal sekolah jam setengah pitu lan melu pelajarane pak guru lan bu guru, nanging sedino iki ora koyo biasane. Rara ora kethok sedino iki, nggarai aku khawatir wae. Akhire mulih sekolah aku mutusake marani menyang omahe Rara. Tekan ngarep omahe Rara suasanane ora koyok biasane, sepi banget koyo gak ono uwong ing omahe. Terus akhire aku takon marang pak satpam, jebule Rara lan sak kaluargane ora ndek omah kono alias pindah omah anyar. Mulih tekan omahe Rara aku kepikiran maneh, “Loh gek opo Rara kok pindah? Kok Rara gak ngomong marang aku? Kan aku iki kancane?”, malah aku dadi  bingung dewe karo Rara.

     Minggu isuk aku pamitan marang ibuk arep nggoleki alamat omahe Rara sing anyar. "Sak jam luwih jebule aku muter-muter nglewati dalan sempit-sempit, akhire ketemu omahe Rara", batinku. Aku kaget tekan ngarep omahe Rara sing biasane urip enak lan kepenak, saiki malah urip nek panggen sing kumuh lan sempit. “Asslamu’alaikum...”, aku ngucapake salam ing ngarep omahe Rara. “Wa’alaikumussalam...”, bales Rara pas bukak lawang. Ora basa-basi maneh, Rara langsung ngajak aku mlebu menyang omahe. Rara banjur cerito marang kabeh kepindahane. Jebule kaluargane iku nduweni utang akeh marang Bank, nanging sayange kaluargane Rara ora sanggup mbayar. Akhire omahe kuwi dadi di sita karo pihak Bank.

     “Yo wes Ra, ora usah sedih terus. Iseh ono aku kancamu kok, aku bakal tetep dadi kancamu maring susah lan senenge awakmu”. Omonganku gawe nenangake Rara sing gek sedih. “Alhamdulillah Lin, aku bersyukur banget marang Gusti Allah, amarga Gusti Allah ngewenehi kanca koyo awakmu..”, balese Rara. “Ngene wae Ra, adewe gawe perjanjian yen adewe kuwi bakal terus bebarengan, ora bakal kepisah masio adoh jarak lan wayah.”, omongku marang Rara. “Siap! Janji yo kekancan sak lawase Lin”. Akhire aku lan Rara tetep kekancan sak lawase. Iso dianggep kanca kenthel iku guduk tekan suwene masa kekancan, nanging tekan kanca sing mesti teko gawe kowe ing susah lan senengmu.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Tugas Administrasi Infrastruktur Jaringan Kelas 12

    Konfigurasi mikrotik bandwidth 1     https://drive.google.com/file/d/14Ky9_xpyBkcwvIG-JVZW9hGlvaMRFUV4/view?usp=drivesdk     Konfig...